Wirobogel anake Wirokatul

Album Cerkak wagu Abednego Afriadi

Pandan Wangi

dening : Abednego Afriadi

            “Solo terminal, Solo terminal…,” ngono ujare kernet bus. Aku banjur trataban, amarga lali yen kudune mudhun prapatan Sumber supaya luwih cedhak saka ngomah. Kapeksa aku ngojek, wayah esuk ngene iki pancen durung ana angkot utawa bus dalam kota.

***

Wis pirang-pirang sasi aku nyimpen kangen marang Pandan, putrane Pak Pujakusuma sing saben Minggu ngajak bareng menyang grija. Anggonku kekancan marang Pandan iku samsaya cedak wiwit dadi paraga sandiwara kelairane Isa Almasih saben sasi Desember. Saben sore, wayah mangkat latihan, aku mesthi nggoncengake Pandan sing wis mambu wangi.

Mas Darto Gimbal pancen ora bosen anggone ndhapuk aku lan Pandan dadi pacangan, yaiku Yusuf lan Maria. Margaretha Pandan Wangi jenenge. Irunge mancung kayadene encik PasarKliwon.  Lambene tipis, alise kandel, praenane lancap, rambute ngembang bakung. Mula ora nggumun yen pantes mragaake dhapukan iku. Nanging, beda karo aku. Saben nyawang kaca pengilon, aku dadi isin dhewe amarga rambutku njagung, kulitku ireng, irungku yo mblesek. Yen ngelingi, aku samsaya anyel marang Mas Darto Gimbal. Kaya dheweke iku pancen sengaja mace aku. Byuh, saumpama bae iki dudu sandiwara kanggo grija, mesti bae Mas Darto Gimbal wis dak pisuh-pisuhi. Durung maneh yen nyawang kanca-kanca grija sing cekakakan amarga nyawang raiku macak nganggo brengos-brengosan, lan brewok-brewokan. Luput-lupute ora persis malah dadi kaya dileleti angus. Aku yo mung bisa plenthas-plenthus dhewe, ngampet pinggeting ati.

Suwe-suwening kedhapuk mragaake Yusuf lan Maria, dak rasak-rasaake kok kaya ana tumindak sing marai aku dadi gegedhen rumangsa. Yen guleman karo aku ya sinambi cak cek nyekeli tanganku. Malah ora kurang-kurang anggone mlaku menyang grija iku ngrangkul aku tanpa isin rikala ibu-ibu kelompok paduan suara rerasan ana ing emperan grija. Aku malah dadi nandang asmara, nggeblak amarga katresnan, alias lara wuyung. Duh Gusti, lagi sepisan iki aku ngrasaake lara sing ora ana obate.

Kaya wejangane kanca-kanca senior ing sanggar, carane supaya lara iku mari, ora ana liya maneh ya nembung Pandan. Nanging, aku isih wedi anggonku duweni niat nembung, amarga saumur-umur aku durung tau pacaran. Apa maneh sing dak tembung iku dudu sembarang wanodya. Pandan iki anake sesepuh sing paling diajeni jemaat sak grija. Lha piye maneh, wong Pak Pujakusuma kuwi majelis grija. Genah cetha, yen disawang bobot, bibit, lan bebet, aku pancen ora pantes bebrayan marang Pandan. Lha wong Bapakku bae seprene isih di kunjara jalaran mbedhok kirik´e Koh Chang kanggo trambul mendem. Ibu ya mung dodolan celengan macan. Kepayone bae yen tiba sasi maulud, ana ing sekatenan.

Aku dhewe eman medhot paseduluran marang aku. Ora sethihik anggone Pak Pujakusuma menehi aku duit kanggo dienggo tukon rokok, lan menehi panganan kanggo Bapak. Pak Pujakusuma mesti kongkonan aku babagan ngurusi Pandan, kayata ngeterake menyang Pasar Gedhe golek pakan iwak luhan lan latihan tari menyang Pura Mangkunegaran.

Sanadyan anake priayi ing balekota, Pandan ora isin ngenalake aku marang kanca-kancane ing sanggar tari. Aku dadi isin dhewe, kancane ayu-ayu, anak-anake para seniman sing dadi guru utawa dosen sekolah seni.

***

Limang tahun ninggalake Sala, aku akeh meruhi kahanan sing wis malih. Akeh taman sing bisa dienggo nglerenake pikiran, ngeyup, apa caturan ngalor ngidul. Akeh pentas kesenian sing kerep mlebu brita tipi nasional.

Kaya sing diwelingake liwat SMS sasi wingi, Pandan ngajak ketemu ana ing Taman Balekambang.

“Mengko mundak ketemu tangga teparo, lan dikira ana apa-apa,¨ ngono pratelane.

Tekan taman iki aku tansah ora kedhep anggone ngematke sesawangan sing tansah ijo royo-royo ana ing wayah lingsir kulon. Semanauga Pandan sing ngerti-ngerti njawil lengenku saka mburi. Welhadalah, bocah iki saiki samsaya ayu, kaya Marshanda. Mung rambute bae sing ora disemir abang. Rambute isih ngembang bakung, idepe ndengking, alise nylurit mesti bae wis dikerik, lambene kemlamut. Nyandange wis ora kaya mbiyen maneh. Mujudake yen saiki samsaya kemragat. Samsaya trendy. Nganggo kathok leging lan kaos kelekan methet. Suwe-suwene nyawang Pandan, aku rak yo dadi ngelek iduku dhewe. (…Duh Gusti Kula Nyuwun Pangapunten…)

Nanging ana ing sak tengah-tengahe nggebyur rasa kangen iki, mak prempeng, kupingku dadi krasa panas. Rada angel anggonku ambegan wektu ana wong lanang kang dikenalake Pandan marang aku. Awake gedhe, nyandange necis, hapene loro, blackbery kabeh, rambute klimis. Anggone salaman karo aku setengahe rada pethitha pethithi karo udud klepas-klepus, njur watuk kepingkel-pingkel nganti abang raine. Jan kemlinthi tenan cah lanang iki, kaya-kaya pengen dak dugang, kampleng apa dicemplungake ana blumbang.

“Rokokmu dipateni sik, Mas!!” ujare Pandan karo besengat-besengut raine.

¨Fransiskus Janaka,¨ ngono kenalan karo aku karo mlengos. Yen kenalan kaya ngono kuwi apa ya kupingku ora abang? Banjur aku mbales nganggo jeneng sing luwih komplit maneh, “ Gabriel Jagad Sasmitarakendha.”

Aku, Pandan, lan Janaka malah dadi meneng bae. Mungkin bae kahanan kaya ngene iki pada-pada ora penak dirasaake. Yo wiwit iku, aku pengen balik maneh menyang Jakarta. Luwih penak ora kelangan penumpang, ketimbang nyawang kahanan sing gawe sesek dhadhaku. Rasane wis ora betah-betaho ana Sala. Nanging ora mungkin, wong yo aku wis kebacut janji nekani resepsi.

Mungkin bae, Pandan dudu wanodya sing diparingake Gusti Allah kanggo aku. Apa maneh, aku mung supir taksi, Pandan krungu-krungu malah wis kaangkat dadi pegawai negeri ana kantor Dinas Pariwisata. Apa ya Pandan mung arep dak wenehi katresnan nganggo puisi-puisi katresnan kayata tembange Peterpan, Nidji, lan ST12. Genah ra mungkin. Pancen bener wejangane Ibu, “Gek ndang mbukak ati to, Le! Selak Tsunami, selak gempa, selak ana bom maneh, selak negarane iki dicolong Malingsia.”

Aku ya gur bisa ngguya-ngguyu dhewe. “Kowe kuwi ditakoni wong tuwa kok malah ngguya-ngguyu dhwe kaya wong edan? Wong wadon sing ayune ngungkuli Pandan kuwi uakehe sak jagad. Yen Tukinem kuwi opo isih kalah ayu to?”

***

Minggu esuk iki aku tangi karo kahanan awak sing seger. Amarga sewengi ora teka midodareni. Wiwit mau bengi, atiku wis dak siapake, yen aku bakal nyekseake Pandan lan Janaka ngujarake sumpah nganti mati anggone bebrayan, ana ing ngarepe Pak Pendeta, lan para jemaat. Aku pengen nyawang Pandan sing ayu moblong-moblong nganggo busana landa. Mungkin dina iki wektu keren anggonku oleh ngelem ayune Pandan. Atiku wis mantep, yen katresnanku marang Pandan cukup kaya kakang nresnani adine. Ora kurang ora luwih.

Kidung liturgi kumandang saka paduan suara. Pandan lan Janaka alon-alon mlebu ana ing altar grija. Semana uga Pak Pandeta ngenteni. Nanging, sakdurunge kidung liturgi mau rampung. Durung-durung pulisi kang nganggo seragam mlebu menyang grija, banjur nyekel tanganne Janaka. Sawetara pemberkatan dibatalke dhisik, Pandan banjur semaput.

Ana ing sak jroning rerasan tangga teparo menyang emper omahku, Janaka kasunyatan diduga mblandangake duit APBD. Anggone dadi DPRD iku yo amarga nyogok. Mula ora nggumun yen kapekso korupsi kanggo nyahur utang-utange jaman pamilihan. Wong yo jaman kampanye kae, dheweke utang bank. Kamangka ora kurang warga ngelingake, penging nekat nyalonake sanadyan menang.

Byuh, mesaake temen adiku iki. Gusti paringana Dik Pandan kekiyatan. Semana uga Pak Pujakusuma.

Ngayogjakarta, 25 Agustus 2009

(Kamuat ing Buletin Litera ing Taman Budaya Jawa Tengah)

1 comments on “Pandan Wangi

  1. bayu probo
    Februari 10, 2012

    apik tenan

Tinggalkan komentar

Information

This entry was posted on Februari 7, 2012 by in Cerkak and tagged , .

CERKAK PALING WAGU

  • Tidak ada